Menawi panjenengan kepengin mudik lebaran, sampun ngantos kesupen angsul-angsul kangge kluwarga panjenengan. Kajawi jajanan modern, satunggaling kue tradisional jaman rumiyin taksih wonten ngantos samangke, inggih menika kue Moho. Ndungkap bakda menika, pesenan kue moho wiwit laris kangge jajanan lebaran.
Kue unik werni abrit pêthak menika mujudaken kue lami ingkang tetep wonten sinaosa sampun kathah roti modern. Kue ingkang mèmpêr Bakpao, nanging langkung alit menika padatan dipun tedha nalika nglaras kangge nyugata dhayoh utawi nalika gadhah damel.
Bahan dhasaripun ugi gampil inggih menika terigu, glepung uwos, gendhis pasir, toya saha pewarna alami werni abrit. Sasampunipun dipun udhak saha ngêmpêl, jur-juran tepung terigu ingkang werni pêthak dipun campur kalian jur-juran glepung uwos ingkang werni abrit satemah dados abrit pêthak. Gulungan jur-juran werni abrit pêthak lajeng dipun tugêli kanthi dipuncuili dados alit-alit. Sasampunipun kebak, loyang ageng isi dasan kue moho mentah lajeng dipun dang. Kangge nuwuhaken ganda saha aroma wangi, anggenipun ngobori kue Moho ngginakaken klothok kapuk randhu.
sumber: manteb