Macet ing jalur pantura Pati-Rembang, ngantos Setu (06/07) enjing dereng uwal. Kakinten, samangke panjangipun macet nggayuh 50 kilometer. Satlantas polres Pati mindhah arus kendaraan tumrap bis saha kendaraan umum, supados macet mboten sangsaya nemen.
Antren kendaraan ketingal panjang ing saurutipun jalur pantura Pati ngantos Rembang. Ngantos Setu (06/07) enjing, ewon kendaraan alit menapa dene ageng wiwit kalih dinten kalawingi taksih kenging macet. Lalu lintas ingkang macet kasebat kawiwitan nalika mlebet kecamatan juwana, ngantos Rembang, ingkang panjangipun nggayuh 30 kilometer. Salah satunggalipun sopir saking Surabaya, Deni Sutrisno, nelakaken sampun kenging macet wiwit tabuh 12 dalu. Macet kasebat ugi anjalari sakathahing tiyang ingkang ngginakaken jasa kendaraan umum saha bis kelantrak.
Sumber: Manteb.com